Serat Wedhatama Pupuh Gambuh
SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH Serat wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya, wedha tegese wulangan utawa tuntunan, dene tama duwe teges utama utawa kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. GAMBUH Samengko ingsun tutur Sembah catur supaya lumuntur Dihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki Ing kono lamun tinemu Tandha nugrahaning Manon TEGESE : Manungsa kudu nyembah Gusti kang maha kuwasa Sembah marang Gusti kang maha kuwasa ana patang werna yaiku sembah raga, cipta, jiwa lan rasa Manungsa yen wis nglakoni patang sembah iku mau, bakale entuk anugrah saka Gusti kang maha kuasa. GURU GATRA, GURU LAGU LAN GURU WILANGAN TEMBANG GAMBUH : ✔Pupuh gambuh ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 35 pada (bait). ✔Guru gatra : Wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben sapada tembang gambuh ana...