Posts

Showing posts from February, 2020

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh

SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH               Serat wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya, wedha tegese wulangan utawa tuntunan, dene tama duwe teges utama utawa kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. GAMBUH Samengko ingsun tutur Sembah catur supaya lumuntur Dihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki Ing kono lamun tinemu Tandha nugrahaning Manon TEGESE : Manungsa kudu nyembah Gusti kang maha kuwasa Sembah marang Gusti kang maha kuwasa ana patang werna yaiku sembah raga, cipta, jiwa lan rasa Manungsa yen wis nglakoni patang sembah iku mau, bakale entuk anugrah saka Gusti kang maha kuasa. GURU GATRA, GURU LAGU LAN GURU WILANGAN TEMBANG GAMBUH : ✔Pupuh gambuh ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 35 pada (bait). ✔Guru gatra : Wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben sapada tembang gambuh ana...

Wewaler

Budaya Wewaler Wewaler sami kaliyan gugon tuhon.   Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku nganel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa myembadani prekara sing dianggep mbebayani iku. Gugon tuhon  1.          Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala. 2.          Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemubteges ora becik. 3.   ...

Geguritan

Geguritan A. Pangerten          Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cache wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae. B. Maca lan naggapi isine teks geguritan serta niteni perangan-perangane Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa siseg (//) Golekana tegese tembung-tembung kang  angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lembang. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe. C. Tuladha        Apa Bedane dening Sudi Yatmono Apa bedane prosa karo puisi bedane ana ati apa bedane ...