Geguritan
Geguritan
A. Pangerten
Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cache wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.
B. Maca lan naggapi isine teks geguritan serta niteni perangan-perangane
- Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni
- Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa siseg (//)
- Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lembang.
- Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
- Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
C. Tuladha
Apa Bedane
dening Sudi Yatmono
Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati
apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune
Bedane apa bumbune karo dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
apa bedane wadhah karo diwadhahi
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa
lha apa bedane manungsa karo kewan
ah iku urusane Pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)
D. Nulis geguritan nggunakake basa kang jumbuh
- Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale
- Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik
- Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, enter, lan sapanunggale)
- Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes,nyindir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
Comments
Post a Comment